Hai, kak Al-Faul F. Kakak bantu jawab ya
Jawaban dari pertanyaan di atas adalah C. Tema
Yuk simak pembahasannya
Cerkak yaiku crita ringkes ngenani kedadeyan padinan sing nduweni pesan moral kanggo pamaca. Cerkak nduweni unsur pamangun saka njero lan njabane teks. Unsur cerkak yaiku unsur instrinsik lan unsur ekstrinsik.
Unsur intrinsik cerkak
1. Paraga lan watak paraga: sapa wae paragane sing ana ing crita lan kepriye watake
2. Plot: alur critane. Wiwit awal nganti pungkasan (maju) utawa nyritakake kanthi cara 'flashback' (mundur)
3. Tema: inti saka crita sing dadi dhasare crita. Garis besar crita ngrembug ngenani apa
4. Setting: ngrembug ngenani wektu, panggonan, lan kahanan sajrone crita
5. Amanat: pitutur sing bisa didudut saka crita
Unsur ekstrinsik
1. Latar pangripta: sapa pangriptane, kepriye pengalamane pangripta
2. Kahanan sakiwa-tengene crita diripta: bisa dideleng saka unsur sosial, budaya, politik, ekonomi lan liya-liyane
Dengan demikian, pertanyaan untuk jawaban di atas adalah C. Tema
Semoga membantu ya:)