Ilyjm I
01 Desember 2022 19:08
Iklan
Ilyjm I
01 Desember 2022 19:08
Pertanyaan
Wacanen teks crita wayang ing ngisor iki!
KarnaGugur
Adipati Karna madeg senapati bala Kurawa ing perang Baratayuda sawise Durna gugur.
Adipati Karna ngadeg ning kreta kang dikusiri dening Prabu Salya. Ing pasukane Pandawa,
Arjuna madeg dadi senapati kanthi kusire Prabu Kresna. Ing pabaratan, Adipati Karna perang
tandhing lawan Arjuna. Kelorone padha-padha ngetokna kasektene lan ngetokna kabeh
gaman sing diduweni.
Perang tandhing kang rame nganti tekan wayah sore. Rodha kretane Suryaputra
keblusuk ning beletan. Adipati Karna banjur mudhun saka kreta lan njunjung rodane. Emane
usahane siya-siya, malah rodhane tambah jero. Sri Kresna kang dadi kusire Arjuna banjur
ngongkon supaya Arjuna manah Karna sing lagi njunjung rodha kreta. Karna sing meruhi Arjuna arep ngetokna panahe, rumangsa was-was. Mula banjur arep ngrapal mantra, ning ora
ana sijia sing kemutan.
Kanthi rasa mangu-mangu pungkasane Arjuna manut karo prentahe Kresna lan
nguculna panah. Karna sing esih durung bisa ngetokna kasektene maneh, kena panahe Arjuna.
Sirahe Karna ngglundhung ing palagan. Karna mati ing paprangan mbelani Kurawa. Karna
tetep mbelani Kurawa senajan ngerti tumindake Kurawa ora bener, amarga Karna kepengin
males sihe Duryudana sing wis ndadekna dheweke adipati ing Negara Awangga.
Apa pesen moral kang bisa dijupuk saka crita wayang kasebut?
4
0

Tanya ke AiRIS
Yuk, cobain chat dan belajar bareng AiRIS, teman pintarmu!

LATIHAN SOAL GRATIS!
Drill Soal
Latihan soal sesuai topik yang kamu mau untuk persiapan ujian


Temukan jawabannya dari Master Teacher
di sesi Live Teaching, GRATIS!