Muhammad N

16 Januari 2022 10:43

Iklan

Muhammad N

16 Januari 2022 10:43

Pertanyaan

Rencana Kegiyatan Pengetan Desa Jam wolu bakda salat Isya', Ing bale desa Tamanpuspa para pemudha nganakake patemon ngrembug rencana pengetan 40 taun desa Tamanpuspa kasebut [Antok, Murni, Tejo, Jalal, Sari, Warni, Raka, Dino, Latifah, Cicik] Antok : Wengi iki kita arep nemtokake kegiyatan apa sing mupangat kanggo mengeti 40 taun desa Tamanpuspa. Apa ana usulan inovatif saka kanca kanca? Utawa kita tetep nganakake balapan motor kaya taun kepungkur? Jalal : Aja, balapan motor kanggone pemudha desa kene iku kurang mupangat lan risiko blai gedhe banget. Dadi cetha bakal mitunani. :Aku usul nganakake lomba maca guritan wae. Iki kanggo nglestari budaya kita, budaya Jawa. Pemudha-pemudhi desa kene ben trampil ing babagan sastra lan seni. Murni Warni : Aku sarujuk usulane Murni. Saliyane ngasah bakat, maca guritan uga minangka sarana pendhidhikan, sing mengkone bisa mangun karakter pemudha-pemudhi kita. : Aku usul nindakake bakti sosial wae. Kita mbantu anak yatim, piyatu, yatim piyatu lan fakir miskin. Iki ora mung kanggo warga desa ing kene wae, nanging uga kanggo warga desa tetangga. Dino Cicik Aku sarujuk karo gagasane Dino, awit iku malah kepara nyata tumindake. Warga sing mbutuhake bisa enggal kebantu, senajan ta mung sedina iku lan sethithik bantuane. Nanging warga desa bisa ngrasakake langsung. Raka : Banjur, piye carane entuk danane? Mesthine rak akeh butuhe. Apa kita urunan dhewe, nanging kiraku ya isih ora cukup nek mung saka awake dhewe. Gek dhuwite awake dhewe iki ya mung pira, wong ya isih padha njaluk wong tuwa. Tejo : Aku bakal nggawe proposal sing katujokake marang wong-wong pangkat utawa sing sugih-sugih. Kayata: pengusaha, pedagang gedhe, kepala desa, camat, lan sapiturute. Warni : Sumbangan sing arep diwenehake marang kang berhak mengko awujud apa, dhuwit apa barang? Latifah : Ya, kita delok dhisik. Entuke saka wong gedhe-gedhe mau wujud apa? Yen entuke dhuwit ya kita wenehake dhuwit lan yen entuke barang ya kita wenehake barang. Dadi barang-barang sing wis kecekel ing mengkone ora usah didol utawa didadekake dhuwit, ben ora malah ribet. Ya wis, bener Latifah. Aku sarujuk lan nyengkuyung panemune Latifah. Tejo :Piye Cah, wis tah oke ya. Kegiyatane bakti sosial wae dudu pentas seni? Yen kabeh sarujuk, aku takenggal gawe proposal. Anto Iki sing kudu ditakoni si Murni ta? Piye Mur yen maca guritane ora sida, dibatalake dhisik, nanging diganti bakti sosial? : Aku rak ya saderma usul, yen usulanku kurang trep lan ana sing luwih becik, ya aku manut keputusane wong akeh. Murni Antok Alhamdulillah, rembugan kitawis nuwuhake asil. Dadi kabeh sarujuk ya, yen pengetan 40 taun Desa Tamanpuspa kanthi nganakake kegiatan bakti sosial wujud santunan yatim, piyatu, yatim piyatu lan fakir miskin? [Murni, Tejo, Jalal, Sari, Warni, Raka, Dino, Latifah, Cicik, kabeh mangsuli "sarujuk" Patemon ing bengi iku banjur ditutup Antok kanthi ucapan wassalamu'alaikum wr.wb.] 1) Apa temane teks drama ing dhuwur? 2) Sebutna paraga-paraga ing teks drama kasebut? 3) Kepriye wewatekane paraga-paraga teks drama mau? 4) Jlentrehna endi paraga kang klebu protagonis lan antagonis? 5) Kepriye alur ceritane isi teks drama mau? Jlentrehna! 6) Kepriye seting/latar waktu lan panggonan isi teks drama ing dhuwur? 7) Manawa awakmu arep nuladha budi pekerti, pilih nuladha paraga sing endi? Geneya mangkono? 8) Pesen apa sing bisa dijupuk saka kegiatan drama kasebut?

Ikuti Tryout SNBT & Menangkan E-Wallet 100rb

Habis dalam

00

:

10

:

36

:

22

Klaim

2

0


Empty Comment

Belum ada jawaban 🤔

Ayo, jadi yang pertama menjawab pertanyaan ini!

Mau jawaban yang cepat dan pasti benar?

Tanya ke AiRIS

Yuk, cobain chat dan belajar bareng AiRIS, teman pintarmu!

Chat AiRIS

LATIHAN SOAL GRATIS!

Drill Soal

Latihan soal sesuai topik yang kamu mau untuk persiapan ujian

Cobain Drill Soal

Temukan jawabannya dari Master Teacher
di sesi Live Teaching, GRATIS!

Pertanyaan serupa

kanggo paring pitutur yaiku gunane tembang

19

5.0

Jawaban terverifikasi

wenehana tuladhane payandra sawijining ksatriya

6

3.7

Lihat jawaban (1)

Iklan