Anonim A

12 Juli 2022 12:58

Iklan

Anonim A

12 Juli 2022 12:58

Pertanyaan

Legendha 1 ........... Asal Usule Desa Nglimut, Kendal Kacarita, ing sisih lor saka Gunung Ungaran, ana salah sijine panggonan utawa tlatah kang gemah ripah loh jinawi. Rakyate urip rukun, tentrem, ora seneng cecongkrahan karo tanggane. Uripe ayem, ngibadahe uga sregep lan oleh pangayoming Gusti, panguripane ola kacingkrangan, cukup lair tumekaning batine. Kahanan kang kaya mangkene mesthiwae dadi kasenengan lan kemeren masarakat sakiwa tengene. Masarakat sakiwa tengene pengin pindhah lan nguwasani tlatah kang subur makmur mau. Desa kang makmur kaya mangkene, akeh wong kang melik kapengin nguwasani. Apa maneh kanggone wong kang sugih/konglomerat, sawise keprungu kabar manawa ana desa kang gemah ripah loh jinawi iki, kepengin nguwasani. Salah sijine dina ana sedagar sugih arep ngrawuhi papan panggonan iki saprelu nguwasani papan panggonan iki. Ora mung sedagar sugih nanging uga para brandhal, kecu kepengin nguwasani tlatah iki. Kabeh padha kasengsem papan kang dadi kembanging lambe wong akeh. Kabeh wong padha penasaran marang tlatah iki. Kabeh kepengin weruh lan nguwasani. Sedagar sugih kang kepengin nguwasani tlatah iki bener bener ngrawuhi tlatah iki lan ngajak karo anak buahe. Niyat jahate ora kaleksanan amarga papan panggonan kasebut sawise dicedhaki, mung awujud papan kang amba kebak suket ora kaya sing dadi kembang lambene wong-wong sakiwa tengene papan iku. Sedagar mau isih durung pracaya apa kang dipirsani. Sedagar mau utusan marang anak buahe supaya jingglengi papan kang kacrita gemah ripah loh jinawi. Para anak buah sedagar kasebut sawise jingglengi papan kasebut nganti kesel, uga ora mirsani apa-apa, mung mirsani plataran amba kang isine suket lan tanduran semak-semak liyane. Penggalihe sedagar sugih kuciwa banget amarga rumangsa diapusi, mulane sedagar mau duka banget marang anak buahe. Ora let suwe sedagar mau kondur didherekake anak buahe. Liya dina ana rombongari brandhal, kecu kang kepengin nguwasani tlatah iki. Kanthi nepsu amarah lan lawamah, para brandhal mau teka ing papan iki. Para brandhal kecu ngamuk-ngamuk amarga papan kang dicritakake dening wong-wong sapinggiring desa kabeh ora ana kasunyatane. Anane mung lemah kosong kang amba kang ora ana apa-apane kajaba mung suket kang akeh. Isih akeh maneh wong-wong sugih lan kang duweni nepsu lawamah padha niti priksa papan panggonan iki. Kabeh ora mirsani apa-apa. Saben disawang saka kadohan, papan iki katon gemah ripah, sawise dicedhaki ilang utawa nglimuni/ngilang, mung wujud papan amba kang dituwuhi suket. Wong-wong wektu iku ngarani papan iki diarani nglimut tegese nylamur, ilang. Nganti saiki papan kasebut diarani Nglimut kang mapan ing Desa Gonoharja, Kecamatan Limbangan Kabupaten Kendal kang kawentar hawane adhem, seger, lan cocog kanggo panggonan wisata lan dadi arena perkemahan kang nyenengake ati, mligine kanggo para siswa lan nom-noman liyane. Mangsuli pitakon saka cerita legenda 1 mawa bahasa krama Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki mawa bahasa krama! 1. Wonten sisih leripun Redi Ungaran wonten menapanipun?

Ikuti Tryout SNBT & Menangkan E-Wallet 100rb

Habis dalam

00

:

07

:

39

:

39

Klaim

6

1

Jawaban terverifikasi

Iklan

R. Subakti

Mahasiswa/Alumni Universitas Terbuka

15 Juli 2022 09:18

Jawaban terverifikasi

Jawaban yang tepat dari pertanyaan tersebut adalah Wonten sisih leripun Redi Ungaran wonten kutha Semarang kalihan Segara Jawa. Mari simak pembahasan dibawah ini! Wonten sisih leripun Redi Ungaran wonten kutha Semarang kalihan Segara Jawa. Arti dari pertanyaan tersebut adalah : redi berarti gunung, ler artinya utara maka pertanyaan di atas artinya Sebelah utara Gunung Ungaran terdapat apa? Gunung Ungaran memiliki tiga puncak yaitu puncak Gendol, Botak, dan Ungaran dan Ungaran merupakan puncak tertingginya. Dari puncak gunung ini, jika memandang ke utara akan terlihat Kota Semarang dan Laut Jawa. Sehing Dengan demikian jawaban yang tepat yaitu Wonten sisih leripun Redi Ungaran wonten kutha Semarang kalihan Segara Jawa.


Renata F

16 Juli 2022 10:35

Makasih kak :)

Iklan

Mau pemahaman lebih dalam untuk soal ini?

Tanya ke AiRIS

Yuk, cobain chat dan belajar bareng AiRIS, teman pintarmu!

Chat AiRIS

LATIHAN SOAL GRATIS!

Drill Soal

Latihan soal sesuai topik yang kamu mau untuk persiapan ujian

Cobain Drill Soal

Perdalam pemahamanmu bersama Master Teacher
di sesi Live Teaching, GRATIS!

Pertanyaan serupa

pak Adi menyimpan modal di koperasi dengan bunga 10% setahun setelah 1 tahun pak Adi menerima bunga sebesar Rp 25.000.00 berapa besar uang yang di simpan pak Adi di koperasi tersebut?

22

1.0

Lihat jawaban (1)