Rahma R

19 April 2022 11:38

Iklan

Rahma R

19 April 2022 11:38

Pertanyaan

Kangmas maring sawah nggawa garem numpak sepedha. Ukara iki yen didakekake ragam basa ngoko alus sing bener yaiku.... a. Kangmas maring sawah ngasta garem nitih sepedha b. Kangmas maring sabun nggawa garem nitih sepedha c. Kangmas dhateng sabin mbekta garem numpak sepedha d. Kangmas dhateng sabin ngasta garem nitih sepedha

Ikuti Tryout SNBT & Menangkan E-Wallet 100rb

Habis dalam

01

:

15

:

43

:

06

Klaim

3

1

Jawaban terverifikasi

Iklan

A. Nur

20 April 2022 13:24

Jawaban terverifikasi

Hai, kak Rahma R. Kakak bantu jawab yaa Jawaban pertanyaan di atas adalah A. Yuk simak pembahasan berikut. Basa Jawa nduweni unggah-ungguh basa sing kudu dimangerteni. Unggah-ungguh basa yaiku nggunakake basa sing trep nalika dhialog utawa cecaturan karo lawan wicara. Unggah-ungguh basa iki nggatekake sapa sing micara lan lawan wicarane. Ragam basa Jawa adhedhasar unggah-ungguhe ana loro, yaiku 1. Ngoko Basa Jawa ngoko yaiku basa sing paling andhap. Asring digunakake kanggo caturan saben dina. Ngoko ana rong ragam yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Ngoko lugu gunane kanggo caturan marang sapadha, sadrajat, lan kenal rumaket. Yen ngoko alus digunakake kanggo nelakake urmat. Upamane marang wong sing luwih enom nanging luwih dhuwur drajate, utawa nalika caturan karo sapadha banjur ngomongke wong liya sing luwih tuwa. Titikane ngoko alus yaiku tembung sing dikramakake mung tembung kriya lan jejer ( subjek dan kata kerja). Tuladha: Ngoko lugu: aku mangan sega, ibu tumbas gula Ngoko alus: aku mangan sega, ibu mundhut gula 2. Krama Basa Jawa krama yaiku basa sing alus. Gunane kanggo ngurmati lan ngajeni wong. Digunakake marang sing luwih tuwa, luwih dhuwur drajate. Krama uga ana rong ragam yaiku krama lugu lan krama alus/inggil. Krama alus digunakake kanggo ngurmati wong liya lan ngajeni awake dhewe. Lumrahe nalika caturan karo kluarga sing luwih tuwa. Yen krama alus utawa krama inggil digunakake kanggo ngurmati wong liya nanging ngasorake awake dhewe. Lumrahe kanggo caturan karo wong dhuwuran, utawa sing ora pati akrab. Tuladhane: Krama lugu : kula tumbas gendhis, nalika kangmas tilem wonten kamar. Krama alus : kula tumbas gendhis sareng ibu mundhut uwos dhateng peken. Ukara 'kangmas maring sawah nggawa garem numpak sepedha' yen didadekake ngoko alus sing diowahi mung tembung kriyane yaiku nggawa= ngasta lan numpak= nitih Kangmas maring sawah ngasta garem nitih sepedha. Dengan demikian, jawaban pertanyaan di atas adalah A. Semoga membantu ya :)


Iklan

Mau pemahaman lebih dalam untuk soal ini?

Tanya ke AiRIS

Yuk, cobain chat dan belajar bareng AiRIS, teman pintarmu!

Chat AiRIS

LATIHAN SOAL GRATIS!

Drill Soal

Latihan soal sesuai topik yang kamu mau untuk persiapan ujian

Cobain Drill Soal

Perdalam pemahamanmu bersama Master Teacher
di sesi Live Teaching, GRATIS!

Pertanyaan serupa

pak Adi menyimpan modal di koperasi dengan bunga 10% setahun setelah 1 tahun pak Adi menerima bunga sebesar Rp 25.000.00 berapa besar uang yang di simpan pak Adi di koperasi tersebut?

22

1.0

Lihat jawaban (1)