Ikhwannudin I

13 April 2022 02:13

Iklan

Ikhwannudin I

13 April 2022 02:13

Pertanyaan

Ana ing omah Joglo ana perangan kang jenenge pendhapa utawa teras. Perangan iki dumunung ing ngarep dhewe. Pigunane kanggo nampa tamu.Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan.Wujude kang tinarbuka ngemu teges yaiku ....

Ikuti Tryout SNBT & Menangkan E-Wallet 100rb

Habis dalam

01

:

03

:

54

:

57

Klaim

1

1

Jawaban terverifikasi

Iklan

A. Nur

13 April 2022 03:47

Jawaban terverifikasi

Hai, kak Ikhwannudin I. Kakak bantu jawab ya Wujude kang tinarbuka ngemu teges yaiku tinarbuka kanggo sapa bae tangga lan sedulur supaya rumaket lan ayem tentrem. Yuk simak pembahasannya Omah Joglo yaiku omah adat Jawa Tengah sing isih ana lan ngrembaka nganti saiki. Joglo asale saka tembung 'tajug' lan 'loro' sing artine kasusun saka rong tajug. Tajug yaiku model genteng omah sing memper kaya wujude gunung. Wong Jawa percaya yen gunung yaiku panggonan sing sakral yaiku panggonane para Dewa. Ana telung bagian saka omah Joglo iki, kapisan perangan njaba yaiku pendapa. Kaloro, bagian tengah yaiku pringgitan. Lan sing katelu yaiku bagian njero diarani dalem. Bagian paling njaba ana pendapa, digawe amba lan tanpa winatesan tembok. Gunane kanggo nampa tamu. Pendapa iki asipat tinarbuka, tegese kanggo nampa tamu sapa bae saka tangga, kadhang, seduluran supaya tansah rumaket lan uripe tentrem. Bagian tengah yaiku pringgitan. Lumrahe dinggo pagelaran wayang. Perangan iki nyimbolake sing nduwe omah minangka Dewi Sri yaiku sumbere urip, kabagyan lan kamulyan. Bagian mburi yaiku dalem omah kanggo panggonan kluwarga. Isine ana kamar-kamar sing diarani senthong. Dengan demikian, 'wujude kang tinarbuka ngemu teges' adalah 'tinarbuka kanggo nampa tamu sapa bae saka tangga lan sedulur supaya tansah rumaket lan uripe tentrem. Semoga membantu yaa :)


Iklan

Mau pemahaman lebih dalam untuk soal ini?

Tanya ke AiRIS

Yuk, cobain chat dan belajar bareng AiRIS, teman pintarmu!

Chat AiRIS

LATIHAN SOAL GRATIS!

Drill Soal

Latihan soal sesuai topik yang kamu mau untuk persiapan ujian

Cobain Drill Soal

Perdalam pemahamanmu bersama Master Teacher
di sesi Live Teaching, GRATIS!

Pertanyaan serupa

kanggo paring pitutur yaiku gunane tembang

19

5.0

Jawaban terverifikasi